Selasa, 27 September 2011

Kopi kucing


Malik mertamu nang omahe Supar disuguhi kopi. Jarene kopine enak tenan, soale Supar ngelem kopi sing disuguhno. Malikt akhire nyruput kopi soale penasaran rasane.

Malikt: "Iki kopi opo tho, kok rasane rodo kecut?"

Supar : "Iku kopi istimewa, meh podo karo kopi luwak sing larang iku."

Malikt : "Woo ngono tho, kopi opo jenenge?"

Supar: "Kopi kucing, aku gawe dewe..."

Malik : "Opo iyo kok jenenge kopi kucing?"

Supar : "Soale diolah lewat kucing, kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurunge diolah, kopi kucing iki dipangan kucing sakdurunge diolah dadi kopi bubuk.
Aku terinspirasi karo kopi luwak, cuma ben gampang aku gawe kucing ae."

Malik : "Kucing doyan kopi to, Par?"

Supar : "Sakjane yow ora, kopine tak gerus rodo kasar, trus tak campur ikan asin, mari ngono tak pakakno kucing."

Malik wetenge wis mulai rodo mules,

Malik : "Terus piye prosese Par?"

Supar : "Kopine kan metu bareng taek kucing, gerusan kopine disaring, dikumbah terus dipepe sampek garing, terus digiling maneh sampek halus. Lha iki kebetulan awakmu sing pertama nyubak kopi kucing, wong yo durung onok sing tak suguhi kopi kucing iki, aku dewe arep nyoba kok yo gak kolu... Yo opo Lik, rasane?"

Malikt: "Azzu.... Azuuuuu tenaaann.... kowe Azzuuu ...!!! Iki duduk kopi kucing, Par, tapi nek iki yo taek kucing jenenge!"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar